Oleh :
al-magfurlah KH Abdurrahman Wahid (Gus Dur)
استغفر الله ربّ البرايا # استتغفر الله من
الخطا يا
ربّي زدني علما نافعا # ووفّقني عملا صالحا
يا رسول الله سلام عليك # يا رفيع الشان و
الدرج
عطفة يا جيرة العالم # يا أهَيل الجود والكرم
Ngawiti ingsun nglaras
Syiiran
Kelawan muji marang
Pangeran
Kang paring rahmat lan
kenikmatan
Rino wengine tanpo
pitungan
Duh bolo konco priyo
wanito
Ojo mong ngaji
Syare'at bloko
Gur pinter ndongeng,
nulis lan moco
Tembe mburine bakal
sengsoro
Akeh kang apal Qur'an
haditse
Seneng ngafirke marang
liyane
Kafire dewe gag di
gatekke
Yen isih kotor ati
akale
Gampang kabujuk nafsu
angkoro
Ing pepaese gebyare
ndunyo
Iri lan meri sugihe
tonggo
Mulo atine peteng lan
nisto
Ayo sedulur jo
nglaleake
Wajibe ngaji sak
pranatane
Nggo ngandelake iman
tauhite
Baguse sangu mulyo
matine
Kang aran soleh bagus
atine
Kerono mapan seri
ngelmune
Laku thoriqot lan
ma'rifate
Ugo hakikot manjing
rasane
Al-Qur'an Qodim wahyu
minulyo
Tanpo ditulis biso
diwoco
Iku wejangan guru
waskito
Den tancepake ing
njero dodo
Kumantil ati lan
pikiran
Mrasuk ing badan kabeh
jeroan
Mu'jizat Rosul dadi
pedoman
Minongko dalan
manjinge iman
Kelawan Allah kang
moho suci
Kudu rangkulan rino
lan wengi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo
nganti lali
Uripe ayem rumongso
aman
Dununge roso tondo yen
iman
Sabar narimo najan pas
pasan
Kabeh tinakdir saking
pengeran
Kelawan konco dulur
lan tonggo
kang podo rukun ojo
ngasio
Iku sunahe Rosul kang
mulyo
Nabi Muhammad panutan
kito
Ayo nglakoni
sakabehane
Allah kang bakal
ngangkat derajate
Senajan ashor toto
dhohire
Ananging mulyo maqom
drajate
Lamun palastro ing
pungkasane
Ora kesasar roh lan
sukmane
Den gadang Allah
swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese
2 comments:
Izin Copi gan
# RESPECT (y)
Post a Comment